Minggu, 29 Maret 2009

pUicI Y9 tEmAnE lOvE"n


















Jangan Dulu(Kau Cuma Menggodaku)




oh...cinta
jangan dulu bergeliat
mengetuk ketuk pintu kamarku
siangku belum senja
kutaburkan dulu biji biji melati
juga rumput catalunia
yang dibawa merpati setelah mereka bersandar di verona

cinta...
lepaskan tanganmu dari lonceng kamarku
itu menggertakku,seakan kau tak sabar
memelukku

cinta...
aku...bercawat rumbia
mahkota tembikar
masih bertelanjang kaki
taman amerta belum paripurna
ibu asuh satria airlangga masih membelaiku
hingga garuda wisnu kencana
selesai terukir di pundakku


cinta...
hentikan teriakanmu itu,memanggilku syahdu
sedang aku masih melacurkan ragaku dalam angan dan cita
tunggu dulu cinta....tunggu
nanti fatamorgana pasti bermuara

cinta...
kau tak bergeming,menggoncang goncang pintu
mengoyak kesabaranku
aku tergugu...
aku tergugu....
cinta...
karena aku mengerti secara pasti...
bila kubuka pintu itu,ibarat rama yang menyambut cintanya...
..............kau tak akan ada di situ.....................
cinta...
hanya angin lembah dan kicauan burung gereja
mengolokku,sepi...

aku tergugu....

kau cuma menggodaku...

Jumat, 27 Maret 2009

10 tIpzZt cIntA aGaR aWet n' LanGgeNg tO qWe2 aLL



1. Jujur
Bila ada yang tidak kita sukai dari doi, lebih baik jujur. Klo perlu obrolin saat kita dan dia sedang berdua-an saja. Ngga pa pa koq, agak sakit sedikit tapi enak belakangan hari. Seperti kita gk suka melihat klo doi terlalu baik, mau mengantarkan smua teman cewe-nya. Ya boleh dech, kita trus terang aja, daripada saling sindir ato berantem.

2. Be Yourself
Jadi diri sendiri, paling baik. Gk perlu mengubah diri kita menjadi orang laen. Misalnya, kita biasa mengenakan baju casual, jangan lantas berubah pake tank top, rok mini hanya karena doi.

3. Tulus
Bila kamu mencintai dia, ya tulus aja.
Jangan berharap dia akan membalas dengan jumlah sama.
Bila sudah menolong dia, misalnya, jangan diungkit2 ato jadi perhitungan.

4. Terbuka
Ngga perlu boong soal teman2 kamu.
Terbuka aja, slama ini kita deket dengan siapa dan biasa menghabiskan waktu dimana. Selain doi jadi gak was2, kamu juga enak, gak perlu sembunyi2

5. Kata “Maaf”
Maaf memang ada batasnya.
Namun gak ada salahnya juga kamu slalu siapkan kata maaf.
Namanya juga manusia, pasti ada salah dan gak sempurna.
Kita sendirikan ngga “perfect”.

6. Kejutan
Jangan segan kita memberi kejutan buat si dia.
Misalnya, kita buatkan makanan kesukaannya ato bawakan sekotak coklat.
Mmmmmm … doi pasti tambah care sama kamu.

7. Care
Perhatian ! Pasti. Ngga perlu mengorbankan rupiah, tapi perhatian sekecil apapun berguna banget. Misalnya, doi sakit. Cek dech, sudah makan apa blom
Ato tengok sebentar aja, bagaimana dengan pelajaran dia yang tertinggal.

8. Dekat Keluarga
Awas ! Pacaran dengan doi, berarti kita juga wajib dekat dengan keluarganya
Minimal, kamu kenal dengan mereka. Sehingga, jika ada apa2, komunikasinya mudah. Kamupun bisa mendapat dukungan dari mereka lho.

9. Ngga Posesif
Memang sich, gak enak klo ngeliat doi kita akrab dengan banyak orang.
Tapi gak perlu posesif, kamu slalu memantau dia ada dimana, bersama siapa, dan lagi ngapain. Wah, lama2 bete juga lho, diawasi seperti pesakitan.

10. Hargai Privacy
Meskipun kita dan doi terbuka, gak smua hal bisa dibicarakan berdua.
Hargai juga privacy dia. Apa yang perlu kita ketahui dan apa yang sebaiknya jangan kita campuri.

Rabu, 25 Maret 2009

nE lG pWlG pAzzzzzzTTttt bWgT tO qWe2 ciNx mCh mEncIntAimU















salahku putuskan cintamu
ku sesali itu
pergi meninggalkan dirimu
kini ku merindukanmu

reff:
sayangku maafkanlah diriku
ku tahu ku salah menyakitimu
sayang terimalah aku lagi
ku masih mencintaimu

aku memang tak sempurna
ku sadari itu
ampuni semua kebodohanku
ku tak bisa hidup tanpamu

repeat reff [2x]

Jumat, 06 Maret 2009

cHocHolaTe aNd iCe crEam cInx enX pOuL









nE dY maEmAn cInx mEngGugAh sElEra maEm n bIkIn LidAh nJogEt" ojo ngilEr yOw oThE". . .

dUniA fanTasiE micKeY mOusE










nE dy dUniA faNtAsIe mIckEy mOuSe cInx lUthU" dHeWe . . .

Kamis, 05 Maret 2009

gRoUp kUcInX cInX lUtHu











nE Dy BnTG cInx rA tAx TreSnOnI aLiAs rA taX cYnkZ'i ( tP Q cNg Nex LhT pHoTonE tOx cZ lUtHu n iMoeTz aBiEzZz ) . . .

gRoUp wInnIe tHe PooH cInX lUtHu








nE dY gmbR'E wInnIe tHe PooH cInx Luthu . . .

gRoUp tAzManIa cInX lUtHu











nE dY gMbr'E tAzmaNia cInx lUthU dHewe . . . .

Senin, 02 Maret 2009

tGz'e mR. nYamAt ( cInx WAHMUKA lan ARIMUKA )




Wahmuka lan Arimuka sedulur kakang kawah adhi ari-ari

Ditya Wahmuka ora bisa dipisahake kalawan Ditya Arimuka. Kekarone awujud raseksa kembar sing riwayat asal-usule siji.
Kekarone metu ing lakon Alap-alapan Triputri, yaiku kedadeyan nalika ana putri telu kembar arep ningkahan bareng. Telu putri kasebut yaiku Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.Ditya Wahmuka lan Ditya Arimuka dadi pasanggiri nagara Pandansurat. Saksapaa sing bisa ngalahake raseksa kembar iki bakal bisa mboyong putri kembar telu, ya Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.Patembayan kasebut kasil narik kawigatene para raja lan satriya sing rata-rata pancen padha kapencut marang kasulistyane putri telu kembar kasebut.Ananging saka raja-raja lan satriya sing melu patembayan ora ana sing bisa ngalahake kasektene Wahmuka lan Arimuka. Nalika iku Dewabrata utawa Resi Bisma diutus bapake, Prabu Santanu raja Astina kanggo melu ing patembayan kanggo adhine, Citragada lan Wicitrawirya.Bisma banjur adhep-adhepan kalawan Wahmuka lan Arimuka. Katelune banjur perang tandhing rame banget. Kanthi pusaka lembing Kyai Salukat, Dewabrata kasil ngalahake Ditya Wahmuka lan Arimuka. Wahmuka banjur bali marang wujud asale yaiku kawah, dene Ditya Arimuka uga bali marang wujud asale, yaiku ari-ari.Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki iku anake Prabu Darmahambara, raja ing Giyantipura. Dewi Amba wus dipacangake lan Prabu Citramuka, raja nagara Srawantipura.Nalika Bisma kasil mupu patembayan lan mboyong Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki, ing tengah dalan Dewi Amba njaluk marang Bisma supaya diluwari amarga wus dipacangake lan Prabu Citramuka saka nagara Srawantipura.Nanging nalika Dewi Amba kasil sapatemon kalawan Citramuka, raja nagara Srawantipura iku wus ora gelem maneh nganggep Amba minangka pacanange. Miturut Citramuka, Amba wus dadi hake Bisma sing menang ing patembayan kanthi ngalahake pasanggirine Wahmuka lan Arimuka.Amba banjur nyusul Bisma maneh lan njaluk supaya entuk melu tekan Astina. Nanging Bisma ora gelem nampa baline Amba minangka putri Boyongan. Dene Amba dhewe tetep ndhesek Bisma supaya gelem ngejak tekan Astina.Bisma banjur nesu lan ngancam Amba nganggo sanjatane. Lan tanpa sengaja, panah sing pinenthang ing gandhewane Bisma kanggo ngagar-agari Amba ucul saka jepitan drijine Bisma. Panah iku ngenani dhadhane Amba. Sadurunge mati Amba nyepatani Bisma yen dheweke bakal males patine lumantar sawijining prajurit wanita titisane.Sepatane Amba kawujud ing perang Bharatayuda babak kapindho utawa Tawur. Bisma gugur ing tangane Srikandhi, prajurit wanita saka Pandhawa, sisihane Arjuna. Nalika iku Srikandhi kasusupan sukmane Dewi Amba.

tGz'e mR. nYamAt ( cInx GATHOTKACA)




Brajadenta iku anake nomer telu Prabu Arimbaka. Dadi Brajadenta iku ora liya adhine Prabu Arimba lan Dewi Arimbi saka Pringgadani. Tembung Brajadenta ateges sanjata saka gadhing.Brajadenta kerep makili Dewi Arimbi mimpin krajan Pringgadani, amarga mbakyune sing nglenggahi jejering ratu iku kerep dedunung ing Jodhipati ngampingi sisihane, Bima utawa Werkudara.Dewi Arimbi dhewe yaiku anake Prabu Arimbaka, raja nagara Pringgadani. Saksurute Prabu Arimba, dheweke nglintir kalungguhan nata ing Pringgadani.Gumantine raja ing Pringgadani iku ditemtokake tumrap pangeran pati miturut sarasilah kulawarga sing tuwa dhewe. Amarga kuwajibane dadi prameswarine Bima, mula Dewi Arimbi kerep ngampingi Bima ing Jodhipati lan masrahake panguwasane krajan Pringgadani marang Brajadenta.Dewi Arimbi duwe kasekten bisa njilma saka wujud asline raseksa dadi putri sing sulistya ing warna. Kasekten iki kababar sepisanan nalika Arimbi sapatemon kalawan Bima.Pungkasan uripe, Arimbi mati ing satengahing perang Baratayuda amarga mbelani anake, Gathotkaca sing gugur minangka senapati Pandhawa dening Adipati Karna. Wandane Dewi Arimbi iku Cicir.Suwening suwe ing telenging atine Brajadenta tuwuh pikiran kanggo ngrebut dhampar keprabon Pringgadani saengga dheweke bisa nguwasani Pringgadani, ora mung dadi wakile mbakyune. Brajadenta banjur madeg kraman kathi pawadan yen kalungguhan raja iku ora apik yen dipasrahake marang wanita.Lan miturut Brajadenta, panemune iku kabukten nalika Arimbi sing jumeneng ratu ing Pringgadani kerep ninggalake kuwajibane amarga kudu ngampingi Bima, sisihane, sing dedunung ing Jodhipati.Madeg kramane Brajadenta antuk panyengkuyung saka adhi-adhine, yaiku Brajamusti, Brajalamatan lan Brajawikalpa. Ananging ana uga adhine liyane sing ora sarujuk marang sikep lan tumindake Brajadenta iku.Adhi-adhine sing ora sarujuk nalika Brajadenta nglairake sikepe arep madeg kraman marang Arimbi yaiku Prabakeswa lan Kala Bendana. Wusana pangramane Brajadenya kasil ditindhes dening Gathotkaca, anake Dewi Arimbi lan Bima.Sabanjure Gathotkaca sinengkakake ngaluhur jumeneng nata ing Pringgadadi sawise ibune, Dewi Arimbi, masrahake dhewe panguwasane marang Gathotkaca.Ing lakon Gathotkaca Kembar, Brajadenta kasil sesambungan asmara kalawan Dewi Banowati, prameswarine Prabu Suyudana, raja Astina. Nalika iku Brajadenta nyaru wujud kadidene Gathotkaca.Wusana Brajadenta mati dening Gathotkaca. Arwahe Brajadenta banjur nyawiji ing ragane Gathotkaca kanthi cara mrasuk ing untune Gathotkaca. Wiwit iku Gathotkaca duwe kasekten saksapaa sing kena cokot untune mesthi mati.Arepa Brajadenya wus nyawiji kalawan ragane Gathotkaca, ananging dheweke bisa urip maneh yen dibutuhake dening Gathotkaca. Lan saben dibutuhake, arwahe Brajadenta bakal mbiyantu apa gawene Gathotkaca. Lan pungkasan uripe, gugur ing palagan Baratayuda babak kaping papat, yaiku Suluhan utawa Gathotkaca Gugur.

tGz'e mR. nYamAt ( cInx kaluarga ARJUNA )
















Wisanggeni lair wujud geni lan menjila dadi satriya pinunjul

Wisanggeni iku anake Arjuna lan Dewi Dresanala. Dewi Dresanala iku anake Bathara Brahma. Arjuna duwe sisihan Dewi Dresnala nalika Arjuna dadi raja ing Kaindran, jejuluk Prabu Kiritin.
Arjuna bisa jumeneng dadi raja ing Kaindran amarga antuk kanugrahan saka dewa sawise kasil ngalahake Prabu Niwatakawaca, raja ditya sing sekti mandraguna saka nagara Imaimantaka.
Wisanggeni lair saka guwa garbane Dewi Dresanala wujud geni, sabanjure malih lan ngrembaka dadi satriya sing pinunjul. Wisanggeni dadi satriya sing pinunjul kapinterane, kawegigane lan kasektene.
Wisanggeni uga kondhang minangka wayang sing mbranyak, raine bagus nanging sakmadya banget anggone nyenyandhang. Marang sapa wae Wisanggeni tansah mungkak krama utawa caturan tanpa nggunakake basa krama sing alus.
Kepara yen guneman kalawan Sanghyang Wenang wae Wisanggeni uga tansah mungkak krama. Dening para dhalang Wisanggeni arang banget diwetokake ing pakeliran. Wisanggeni duwe sisihan sing jenenge Dewi Mustikawati.
Dewi Mustikawati iku anake Prabu Mustikadarwa, raja ing Krajan Sonyapura. Ing lakon Wisanggeni Krama, Wisanggeni kudu ngadhepi Prabu Sitija utawa Prabu Bomanarakasura kanggo mupu Dewi Mustikawati ing sawijining patembayan.
Dewi Mustikawati njaluk wewaton gambaring jagad marang Wisanggeni lan Prabu Sitija. Yen Wisanggeni utawa Prabu Sitija bisa minangkani penjaluke iku, Dewi Mustikawati saguh dadi sisihane.
Wusana Wisanggeni sing kasil nggawa gambaring jagad lan banjur dipasrahake marang Dewi Mustikawati. Kasile Wisanggeni amarga dibiyantu dening Sanghyang Wenang sing nyumadhiyakake gambaring jagad kaya panjaluke Dewi Mustikawati.
Ing lakon Wisanggeni Takon Bapa, ing laku nggoleki bapake, Wisanggeni kasil mbiyantu bapake lan nagara Amarta bisa nemokake maneh pusaka-pusaka piyandel sing ilang.
Dene pusaka-pusaka piyandele Krajan Amarta sing ilang lan kasil dibalekake maneh dening Wisanggeni yaiku Kalimasada, Sarotama, Hrudadali, Anantakusuma, payung Tunggulnaga lan Pasopati.
Kabeh kulawarga Pandhawa, kalebu Prabu Kresna, ora ana sing wani tumindak sakepenake dhewe marang Wisanggeni. Salawase uripe Wisanggeni dedunung ing kayangan Daksinageni bebarengan ibune, Dewi Dresanala, lan kabeh kulawargane. Wandane Wisanggeni iku Rungsit.
Dene kawitane Arjuna rabi kalawan Dewi Dresanala sing sabanjure nurunake Wisanggeni yaiku nalika Prabu Niwatakawaca pengin ngrabi Dewi Supraba. Niwatakawaca sing jeneng enome Nirbita iku banjur tumuju suralaya kanggo nglamar Dewi Supraba.
Ananging para dewa ora ana sing nglilani yen Dewi Supraba rabi kalawan Niwatakawaca. Wusana Niwatakawaca banjur ngrabasa ing suralaya. Kasektene ora ana sing bisa nandhingi, para dewa kabeh kasoran.Sanghyang Girinata banjur mrentahaka Arjuna supaya ngadhepi Niwatakawaca. Nalika iku Arjuna nembe mertapa ing pertapan Indrakila lan jejuluk Begawan Ciptaning Mintaraga utawa Cipta Ening Mintaraga. Arjuna sing dibiyantu Dewi Supraba kasil mateni Niwatakawaca.