Rama lan Shinta
Kacarita duk samana sawise Dewi Sinta kadhusta dening prabu Dasamuka, Prabu Rama banjur paring dhawuh marang Anoman sawadyabalane ngupadi Dewi Sinta menyang nagara Ngalengka.Ing kawitane Anoman njaluk baline Dewi Sinta kanthi cara-cara kang becik, nanging ora ditanggapi becik dening Prabu Rahwana. Prabu Rahwana tetep ora gelem ngulungake Dewi Sinta, malah wusana dadi perang gedheantarane Kraton Ngalengka karo kapi Anoman sawdya balane. Kabeh bala rewanda dikerigake maju menyang palagan.Sawise dewi Sinta karebut bali dening Anoman nuli kagawa metu menyang sajabane Kraton Ngalengka saprelu disingidake dhisik. Kraton ngalengka banjur diobong anoman sawadyabalane, kraton Ngalengka dadi kobong. Para punggawa, sentana lan kawula ing nagara Ngalengka padha pating jlerit tangise karo golek papan pandelikan kang aman. Nanging akeh uga kang kakepung geni ora bisa metu katut kobong. Kraton Ngalengka lebur dadi awu ludhes warata tanpa sisa.Sakabehing tumindak lan watak alane prabu Dasamuka wis sirna lan ora bakal thukul maneh ana ing bumi iki. Wusanane kari ayem temtrem tanpa ana rasa was sumelah maneh.Carita anoman obong, Dewi Sinta lan Prabu Rama iku katulis ana ing buku kang diarani Kitab Ramayana. Kitab punika mboten dijual bebas dipasaran. Mboten wonten ing Gramedia, apamaneh Kwitang utawa Shopping. Buruan dapatkan di tempat yang strategis. Limited Edition.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar